Wus tinarbuka wiwaraning kandha, kinarya
hamiyak wewadine budhaya nenggih budi dayane manungsa inkang rinakit mawa
indahing basa, sastra miwah cvarita, satemah hambabar gelaring budhaya ingkang
endah, edi, adi luhung bangkit hangarah prana, miwah hangangkat drajating
bangsa.
Duking
nguni rinakit para sarjana sujana ingkang sujaneng budi, kebak wewarah suci,
kena kinarya tepa palupi, marma pantesta kalamun den uri-uri murih lestari
widada ing salami-lami.
Binarung swarane pradangga munya ngarangin
keplok imbal angedasih, nuli ana ganda arum mangambar ngebaki jroning bale
winangun, datan watawis dangu ana teja manther sasada lanang gedhene, den
kedhepake ilang tejane kasengguh hapsari ing kasuwargan ingkang tumurun mring
madya pada arsa andum kabagyan, satuhu punikata tejane Sri atmaja temanten
Putri ingkang mijil saking sasana tepas wangi arsa manjing ing sasana
pahargyan.
Mabyor-mabyor busananira ingkang hangimba
busananira prameswari nata, marma kalamun katempuking Ywang candra pating
galebyar pating calarot pindha kartika asilih pernah. Amucang kanginan dennya
lumaksana membat madya lumenggang ing warih, lembeyan merah kasimpir riyak
hanggajah oling.
Prapteng madyane pawiwahan kagyat kagara
wekasan kang apindha sitaresmi nenggih mustikane pawiwahan, dupi anguningani
sanggyaning para tamu ingkang sampun lenggah satata pepak sinaraja kaya
handhayong-dhayongna pancak sujine bale winangun. Marma kapanduking raos
ingkang tumanem jroning kalbu kadi karem karaban ing memanis sinandhing kastuba
manik, ingkang satuhu datan kena cinitra ing ukara.
Prapteng unggyan ingkang tinuju, rising
atmaja temanten putrid sigra kalenggahaken aneng sasana rinengga, kinapit patah
sakembaran ingkang wus samapta ing gati sawega ing dhiri. Ing astanira wus
angasta gantal ingkang winastan gondhang kasih, ingkang sampun linambaran
mantran-mantran sakti, guna kasantikan, guna kawijayan, guna pangasihan, kayata
jaran gyang, semar mesem truna lele lsp.
Dhasar Sri Atmaja Temanten Putri wanudya
ayu rupane karengga ing busana. Nalika samana mangagem busana warna ………………….
Sinulam benang kencana awangun lunging gadhung rumambat ngrawit. Agegelung
malang awangun bokor mengkurep, acecundhuk mentul tinata runtut akrya patut.
Asesemek sekar melathi rinonce awangun wulan tumanggal, sinartan tiba dhadha
tinumpangaken ing pamidhangan kanan, ngalewer prapteng jaja, ebah-ebah kalamun
ginawe lumampah, marma kalamun katiyubing maruta manda ngambar gandanira nganti
ndumugi wanjawine pangurakan.
Weweging pranaja pindha cengkir ngadhing
piningit, yayah hanjebol-jebolnya mekak madya ingkang minangka setu bandane
sarira. Kicating canela ingkang tinaretes sarwa retna, kalamun cinandra pindha
wredhu hanggra sasra ingkang lumaku ing wanci pangklong.
Datan watawis dangu risang atmaja temanten
putri wus kalenggahaken aneng kursi rinengga, semuning wardaya sajak kuciwa
karana dennya angrantu jejaka tumaruna ingkang minangka gegantilane nala miwah
memaniking netra ingkang dereng prapta.
Nalika samana ingkang putra temanten putrid
wus lenggah kanthi anggana raras, tegese ….. lungguh piyambakan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar